|
Ditulis Oleh coim
|
|
Friday, 06 March 2009 |
|
Kanggo ngupokoro amprih gubuke songotelu iso terus gayeng, prasasat kucing diraupi, tikus diungkusi, lan pitik di gusahi, saben deweke duwe wektu ngadep komputer terus cetak-cetuk nuthuli tuts keyboard ngetik sembarang amprih enek suguhan nang mejo ngarep. Ora enek tujuan liyo jare gur kepingin sopo wae sing mertamu njur iso guyu lali marang janji lan utange hehehehe...
Sopo se? Hehehehe.. kuwi lho yo sik dulure dewe, sabane turut ndalan, mubeng-mubeng sampe' gak eruh lor kidul kecuali nyawang adepe mushola utowo mesjid. Tapi dedikasine nang paseduluran songotelu jian ampuh tenan, ora bedo karo sing mbahu rekso milis 93 sing saiki ngelus-ngelus boomerang nang negoro Kangurumerto.
Semono ugo para piyantun setri songotelu tanpo perintah lan kongkonan kabeh wis podo ngerti, mulo njur age-age wedakan kandel, lipenan warno-warni, slendangan kemlewer ngambah lemah persis Nyai Roro Kriwoel golek kayu kanggo ngliwet beras jagung. Ewodene wong ewuh, sak liyane gupuh terus minarakne para tamu anggene lungguh sakbanjure terus podo suguh dedaharan kanthi mesam-mesem sing kadang luput teko waspada lali marang kekenyoane ngakak sak banter'e wakakakakakaka...
Heladalah.... lakone nopo njih? Lakone 'sing edan ngalah' kekekeke...
|