ImageSoegeng Rawoeh wonten ing wisma aloemni SMAN 1 Blitar tahoen 1993. Minangka damel ngeraketaken saha nambahi raos sih katresnan toemprap sesami aloemni'93, pramilo kanthi nyoewoen pangestoenipoen, moegi-moegi songotelu.com saget maringi manfaat ing dalem njengkoejoeng saha ngoeri-ngoeri pasedoeloeran aloemni'93 meniko, noewoen !
 

Depan arrow Cerita Dari Rantau arrow Coretan 93 arrow Golek Embun
Golek Embun PDF Print E-mail
Ditulis Oleh Shoim   
Thursday, 19 February 2009

ImageWis rodo suwe ora ngerasakne anyes'e embun ing wayah isuk. Naliko srengenge durung katon irunge, hamung poro simbok-simbok  katon jumangkah lumaku menyang pasar karo nggendong rinjing sing kebak terong, pete lan kelopo. Mestine arep didol menyang pasar gawe tuku bumbon brambang, bawang, tempe bosok ugo terasi. Mumpung ora udan, tak gelak atiku kanggo endang-endang kali brantas sing naliko semono dadi saksi anggenku blajar nglangi. Tumekan kali brantas, kumriyak'e banyu kali soyo gawe tentreming ati.  

Masio kali Brantas ora elok koyo  Kali-kali ing sak njabane mblitar, hananging wis tanpo keno selak menowo kali brantas pranyoto dadi salah sawijining sumber panguripan pirang-pirang warga. Luput banyune, watu sak wedine keno digawe adek omah utowo gedung nang kutho mblitar. Iku durung iwake sing keno dipancing ugo dijaring gawe lawuh sarapan utowo daharan. Dene olehe iwak linuwih iso didol nang pasar kanggo tetukon samubarang!

ImageTolah-toleh ing sapinggiri kali, enek ae tanduran sing katon seger anggene jujur terus memayung lemah pinggir kali brantas. Sak dawane lemah pinggir kali, katon ijo royo-royo dening suket gajah. Suket gajah utowo kolonjono ancene sengojo ditandur nang kono. Kolo-kolo katon tanduran telo masio arang-arang. Ning godonge sing kebak embun, nambahi kemayu ndadekne sopo wae pingin metik kanggo urap-urap utowo kulupan. Mestne ora kabeh wong doyan, tapi godong telo dadi salah sawijining sayur andalan kanggo wong ndeso.

ImageRodo munggah titik, ndilalah ketemu Putri. Klambine ijo pupus, nggawe mahkota ungu. Tansoyo katon lek kemayu. Tak cedaki, ora kuat aku nahan pepinginan nggepok badane. Eh.. deweke isin terus mingkup, klambine nyiut, awake katon ringkih. Ning tetep indah mahkotane sing ungu. Sopo to? Kuwi lho, Putri Malu! Nek cah pinggir kali Putri Malu kuwi dijenengi BISKUCING.

ImageMunggah maneh, nemoni wit sing sering digawe puisi poro pujangga. Dunia Tak Selebar Daun Kelor. Nek diwaspadakne ancene godonge cilik tur ciut. Tak cedaki, deweke katon mesem ing sela-selane wit jarak lan lamtoro. Godonge sik utuh, koyoke durung konangan wong sing golek ramban gawe pakan wedus! 

Comments
din@   |Author |2009-02-19 00:57:44
tumben manusia kelelawar iso tangi isuk...
coim   |Publisher |2009-02-19 01:19:37
hahahahaha.... yo sekali-kali dadi ulo Din, mosok pancet codot kekekekeke...
W.W   |Administrator |2009-02-19 02:12:32
saee sanget mas...,
Maaf... hanya anggota yang bisa memberi komentar!

3.25 Copyright (C) 2007 Alain Georgette / Copyright (C) 2006 Frantisek Hliva. All rights reserved."

 
< Prev   Next >

Advertisement
Obrolan Songo Telu
Latest Message: 1 year ago
  • coim : Sabar Dik... sik podo loro bronto! hahahaha...
  • Dadik : sad
  • Dadik : ojo dijarne jar koyok ngene.....
  • Dadik : ayo.... omahe di endangi barang to cah.....
  • dodo : heeh
  • dodo : stolfeste...
  • sigit : dengaren aku mlebu... hehe
  • sigit : sepiiiiiiiiii
  • W.W : onok Gung,  metune lek wes sampean login
  • agung : Aku nggoleki scan-an buku alumni, perasaan dhisik ono nang galery foto, saiki kok nggak ono yo?
Please Login to shout..
Tempat Login
Menune 93
Depan
Coretan 93
Cerita Cerita Lucu
Cerita Dari Rantau
Anggota 93
Links
Daftar
Belum ada yg Online
Total Pengunjung