 Sehari sebelum hari H aku wis nyoba telp temen2 sing kiro2 iso melok nang acara reuni. Yo kiro2 jumlahe lumayanlah sing arep iso teko.... Nah pas dinone (minggu tanggal 25 Januari 2009), apa yang terjadi? Aku wis sueneng banget mergo mbayangno arep ketemu konco2 sing wis 15 taon ra tau ketemu. Karena sesuatu hal aku tekone rodo telat. Neng omahe Tata wis ono Bu Dina Paiton dan suami plus krucilnya. Kata Jeng Tata sak durunge Bu Dina Paiton teko, Mbak Yunaeni tas wae balik mergo anake sing cilik rewel minta pulang.
Durung lungguh langsung diajak nang ruang makan karo tuan rumah. Sambil ngobrol ngalor ngidul, datanglah seorang cowok dengan perawakan agak kurus tinggi pake kacamata. Aku sih cuek ae, tak pikir yo tamune tuan rumah. Lah terus si tamu koq langsung nyusul nang ruang makan sambil ngguya ngguyu (aku yo sih tetep meneng ae gak menyapa si tamu) Tamu iku mau tebar keramahan sambil salaman karo Bu Dina. Loh koq kenal karo bu Dina, pikirku. Lah tibakno si tamu iku mau Pak Tomas to, konco PAST 93 juga. Walah2 yo rodo isin iki (Sory yo Pak Tomas, biyen ra pati kenal lah pas reuni kenalan sing tenan). Sambil menikmati bakso (makanan pembukane), terus makanan berate ono cap cay karo opo yo ... (aku lali soale gak melok makan, wis kewareken bakso), dilanjut karo salad buah (nah salad buah iki asli buatan jeng Tata) sueger tenan...... Wis mari isi bensin, diterusno acara ngobrolnya sambil mbolak mbalik buku alumni. Wis sak untoro, pesertane kog yo ra tambah2 pancet ber 4, ber 6 lek ditambah suaminya dina lan suaminya Tata. Ora kroso lha koq wis jam 3, anak2 e Dina wis rewel ngajak muleh (jare Dina anak2 e wis dijanji arep diajak nang Batu night Spektakuler). Yo wis akhire Dina en the geng pulang. Saiki kari aku, tomas lan tuan rumah. E...eeeee..... sampek aku arep muleh ko yo ra tambah2 peserta reunine. Digawe permulaan gapopo (jare Jeng Tata) soale ancene temen2 wis akeh sing duwe acara. Mugo2 kapan2 iso disusun acara reuni neng Malang, tapi pesertane teko endi2. Amieeeennnn Jeng Tata lan Mas Tata terimakasih ya.... atas kesediaannya untuk ketempatan dan masakannya. Salam juga buat ibuk, soale ikut repot buat persiapan acara ini. Kapan2 sih bersedia to lek ketempatan maneh?
|