|
Generasi SEGOPETJEL van mBlitar |
|
|
|
|
Ditulis Oleh Shoim
|
|
Friday, 31 October 2008 |
|
Ora isuk, ora awan, opo maneh bengi, ancene nang mBlitar sing jenenge sego pecel keno diarani koyo udan, saking akehe sing ngupokoro nganakne sego pecel. Durung maneh nang acara-acara adat keagamaan koyoto yasinan, tahlilan, diba'an sampe acara gotong royong kerjabakti bersih deso, umume sing digawe konsumsi yo sego pecel. Luput teko iku, biasane gawe kulupan alias urap-urap godong luntas, kenikir, telo, kembang turi, lembayung lan sing rodo extrim yo iku godong kates.
 Waskito aka Soekemprush, pawongan sing nyoto-nyoto ancene Waskito anggone madegani anane Generasi SEGOPETJEL van mBlitar gawe jejuluk angkatan songotelu. Ora mokal yen to kabeh dadi sarujuk terus nyengkuyung melok cawe-cawe adek jejek generasi kuwi. Ancene yo bener, angkatan songotelu iki meh sabendino sarapane sego pecel nang Kantine Bu Yan SMA Negeri 1 Blitar. Mulo yo wis sakmestine yen kabeh angkatan songotelo rodo kendo anggone mikir pelajaran, ning ora keno disawang asor anggone polah nguri-nguri kebecikan marang sepodo. Angkatan songotelu sing saiki resmi jejuluk Generasi SEGOPETJEL van mBlitar, wis sumebyar sak ambane jagad aboh. Kanthi jejuluk generasi SEGOPETJEL mugo-mugo ora lali marang papan panggonan naliko ngudi kaweruh ing tlatah mBlitar sing ndasari lelakon tumprap sekabehe lelaku ingdalem angelakoni jejibahan ono ing rejo-rejaning jaman sak meniko. Semono ugo, kanti jejuluk Generasi SEGOPETJEL, angkatan songotelu hanyoba ngrekodoyo mikul duwur soho mendem jeru kutho tjilik kang kawentar kang aran mBlitar. foto: by Dina Rohana
|