|
Ditulis Oleh Shoim
|
|
Wednesday, 16 July 2008 |
 Manuk Prenjak, cemplar-cemplir nang pangpangane wit Cangkring sing katon garing. Suarane sing renyah kuwawa mecah semilire angin sore ing pinggir kali Brantas. Srengenge jumangkah alon mudun, mertandani yen to wis wancine ngaso anggone ngemong sekabehane djalmo manungso sing tansah kawenangan lali lan luput sedino muput. Sesok isuk kudu enggal gumregah tangi paweh esem lan angeting swasana mrih manungso tandang gawe nandur kebecikan. Sumebyak suara banyu kali sing pecah saking landeping padas ireng nambahi bangeting swasana sore kang wus saya asring luput saka sinawangku. Nanging aku ora lilo yen to sore iki ninggalne pinggir kali Brantas sak wise sawetara wektu anggonku muntab nandang kekarepan nyirnakne rasa kangen kanthi nyawiji ing wayah sore iki.
Nepakne jiwo amprih sumeleh menowo sekabehani iku mau titahing kang murbeng jagad dumadi. Njur Kelingan olehku kirim layang marang sliramu nalika 15 tahun kepungkur. Yo gene seprene sliramu durung iso mangsuli. Sepiro abote mangsuli pitakonku ing sajroning layang kuwi. Masio dudu pitakon sing wigati hamung kabar kawusananmu sing tak impi-impi.
Kala mangsa tanpa sejo, naliko lintang sumebyar ing sak ambane tawang. Esemmu sing kawujud saka jeroning ati. Lakumu sing edipeni keblebet andab asor kaya kang wus den piwulangake dening maha guru. Nambahi gregreting ati kang saya mlunjak netepi gegayuhaning pesti. Duh gusti kang maha wicaksana, ngaturaken sedaya lungkrah nandang kangen kang wus damel risakipun penggalih ingdalem netepi khusyuk ing ngarso Sinuhun.
Ewodene napa kang wus kalampahan ingdalem satunggaling jaman, jaman ingkang tebih saking aran padang jingglang. Mboten ateges bilih sakmeniko kawulo bade selak saking pangajeng-ajeng pitedah saha pangestu panjenengan, pramilo mugi taksih dipun keparengaken bilih kawulo bade pasrah bongkokan manawi jaman semanten nalika kawulo nyerat layang meniko, kawulo hamung bade nyuwun pirso alamat piyambakipun. Hehehehe...
|