|
Rekadaya Nglumpuk'e Balung Pisah |
|
|
|
|
Ditulis Oleh songotelu
|
|
Friday, 13 May 2011 |
|

Apa sih sing isa gawe mangkel'e ati tapi ugo nekak'ake rasa seneng? Ora ana liya kejaba mung rasa kangen. Mula ora usah dipaido menawa ana pawongan sing mesam-mesem dewe turut ndalan hehehe... Bocah-bocah..eh.. dulur-dulur songotelu saka pasukan khusus sosial katon nek ora kuat nandang rasa kangen, njur rekadaya gawe acara mrih isa tetemuan karo dulur-dulure sak brojolan, mbrojol teko kelas jurusan sosial nalika semana, tahun 1993.
Embuh piye polahe, sing jelas acara sing disengkuyung dulur-dulur sosial kuwi, kaya dene Kanjeng Mami Ningrum, Pak De Komsul, Bambang sing Jatmiko lan wit-witan sandinge, mertandani nek banget anggone ihtiar nyambung katresnan marang paseduluran. Tanpa kinucap prasasat Macan Mangan Gaplek jare Kekancan sampe matek! Whekekekeke...
|