|
Ditulis Oleh coim
|
|
Thursday, 22 April 2010 |
|
Suwe ora cangkruk nang padepokan songotelu kang wujud'e gubuk saka pring petung galar'e kayu klampis, ora ana tembung liya kajaba kangen sing ora uwis-uwis..hihi.
Sanajan wis pada owah ilah-ilahane sing ateges pada repot netepi kewajibane dewe-dewe, wusanane gubuk songotelu tansah mayungi anggen kita sesami nggalih raos paseduluran. Mbesok yen wis teka rejo-rejaning jaman, gubuk iki dadi saksi bisu babagan sesinambungan generasi sego petjel ing dalem ngelakoni sekabehaning lelakon urip saking Gusti Kang Akarya jagad.
Ewodene kulo lan panjenengan sedaya, sami ngajeng-ngajeng welase Gusti mrih wilujeng ngantos paripurnaning diri.
"Pada gulangen ing kalbu ing sasmita amrih lantip aja pijer mangan nendra kaprawiran den kaesti pesunen sarira nira sudanen dhahar lan guling" - tembang Kinanthi
Kurang luwih, irah-irahne kaya mangkene: Kita harus melatih kepekaan hati agar tajam menangkap gejala dan tanda-tanda alam [Tuhan]. Dengan sering prihatin menahan nafsu makan serta tidur yang berlebihan.
|