|
Ditulis Oleh coim
|
|
Wednesday, 04 March 2009 |
|
15 tahun gak kepetuk. Basan petuk tiba'e gak akeh berubah. Tetep doyan ngakak, grapyak lan demulur (sumpah aku salut) mari ngono crito ngalor ngidul diselingi rasan-rasan liyane karo diluk-diluk HPne muna-muni, yo maklum deweke dadi juragan, mestinya tetep kudu iso ngatur anak buah masio liwat HP. Model utowo cara ngomonge yo sik kaya 15 kapungkur, plekethak-plekuthuk, nek ngguyu rodo mrecing titik hihihihihi... tapi tetep bagus masio soyo mblenduk wetenge!
Ngakune saiki dadi Juragan PETE, sering lelungan Blitar-Surabaya karo dodolan pete, PETETA-PETETE turut ndalan hahahahaha.... Pisss Mboen!
|
|
|
Ditulis Oleh Shoim
|
|
Thursday, 19 February 2009 |
|
Wis rodo suwe ora ngerasakne anyes'e embun ing wayah isuk. Naliko srengenge durung katon irunge, hamung poro simbok-simbok katon jumangkah lumaku menyang pasar karo nggendong rinjing sing kebak terong, pete lan kelopo. Mestine arep didol menyang pasar gawe tuku bumbon brambang, bawang, tempe bosok ugo terasi. Mumpung ora udan, tak gelak atiku kanggo endang-endang kali brantas sing naliko semono dadi saksi anggenku blajar nglangi. Tumekan kali brantas, kumriyak'e banyu kali soyo gawe tentreming ati.
|
|
Selengkapnya...
|
|
|
|
<< Start < Prev 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 Next > End >>
|
| Results 19 - 24 of 63 |